Kapun, ex P3, ora ming luar biasa kaya rasane endog asin gaweyan Brebes.
Yes, tokoh Brebes kuwi pancen sering ke luar kota .
Ananging wektu menyang Jogja dina Minggu, 3 Agustus kepungkur, wektune ora nyandhak untuk ketemu kanca-kanca di Jogja Fish Market, merga Kapun leh budhal seka Semarang wis kesorean.
Mbengine, konon ngundang kanca-kanca ketemu di warung dekat rumah Sofyan ex P1, tapi aku ora enjoh melu. Sayange ketemuan kuwi ora eneng fotone. Piye Pak Jo, kok ora eneng fotone? Ben karo jurnalis kritis “Foto Watch” ora gur dianggep konon / pertemuan impian ….
Waktu meh budhal seka Brebes. Kapun takon aku, apa aku gelem yen digawakke endog asin asli gaweyan Brebes? Ah, paling guyon, pikirku!
Jebule ora guyon. Merga ora sempat ketemu aku, endoge dititipke receptionist hotel Mutiara tempat dheweke nginep. Dinarta melu wanti-wanti aku kon njipuk titipane Kapun. Wah, arep nemu apa aku? Jebule KAPUN nitipi endog asin tenan!
Edian, Kapun ki keraya-raya nggawakke aku endog asin tenan!
Tak bukak, byak! Widiiih, kelire oranye nandhakke asline lan rasane sing pancen luar biyasa.
Endog Bebek karo Sendok Bebek ming beda 2 hurup. Tapi yen dimamah rasane beda pirang-pirang hurup….
Kapun, matur nuwun ya! Kekancanmu pancen luar biasa! Aku tekan saiki rung duwe ide, piye lehku mbales oleh-olehmu. Tak dongakke, Pemilu 2009 awake dhewe slamet kabeh, ora kecekel pulisi…
hatta
Komentar juru kunci:
Hatta menulis compliment dalam Bahasa Jawa, kurang lebih isinya puja-puji atas kebaikan hati Kapun, teman SMA-nya dulu.
Harapannya adalah budi baik Kapun terus terpelihara sehingga secara politis dan berkesinambungan Hatta dapat terus menerima pasokan telor asin Brebes yang rasanya maknyuus tersebut.
Sumber: E-mail Hatta


Tidak ada komentar:
Posting Komentar